Raya Gung Tahun Kien Moga Diparingi Sabar

Wis rong lebaran. Tahun mau karo tahun sekien, raya cilik karo raya gung ora bisa kumpul bareng keluarga neng kampung.

Pastine dudu kita bae, batur-batur kan pada? Terutama sing ngerantau kaya kita. 

Corona sing gawe mengekenen. Tapi, priben maning. Kita sih percaya, kabeh iki wis kehendake gusti Allah. 

Sapi

Mulane sekian mah tinggal jalani bae. Belajar syukur apa-apa sing wis dipai gusti Allah. 

Kondisi mengkenen pastine ana hikmah. Tinggal kitane bae duwe pikiran karo mandenge kaya apa? Baka, ngeluh bae, ya repot. 

Wis aja angel-angel. Tinggal jalani. Raya gung ora bisa ketemu, ya bokat kudune. Sing penting masih bisa ngubungi lewat telepon. 

Raya gung iki emang raya sing pasti ditunggu-tunggu. Utamane bocah cilik, bisa deleng wedus karo sapi. Ya, biasane baka esuk atawa sore ngumpul deleng-deleng satoan sing arep dadi korban. Biasane neng sekitar masjid.  

Ya wislah, kita sih moga bisa diparingi sabar bae raya gung kien.

Komentar