Jawa Dermayon

Nang apa kita nulis jawa dermayon ato dermayu? 

Kesiji, kamber unik bae sih. Selama iki, jarang ana sing nulis neng blog khusus kanggo bahasa jawa dermayon. 

Keloro, karena kita wong dermayu asli, dadi ya wajarkan lamun kita pengen tetep ngoceh bahasa jawa, tapi neng dunia blog.

Kadang kita juga gawe vlog kanggo bahasa jawa dermayon sih. Iseng sekaligus ya kamber ana sing berbeda bae. Intine iku. 

Gunung ciremai sing dermayu

Ketelu, nulis kanggo jawa dermayon, sebenere sekaligus kanggo konten lokale kita, bokat bae bisa dadi buku karena neng blog iki, wis ana tulisan tradisi-tradisi dermayon. Ya, pengalamane kita urip selama neng Dermayu (Indramayu). Durung akeh sih, tapi jare kita sih kudu ditulis, kamber ana kenangan. 

Tradisi-tradisi neng Dermayu iku ato budayalah sing lebih luase, iku sebenere akeh. Dudu terkait masalah seni bae, tapine bisa jadi panganan, cara urip, bahasa, logat, lan sejene. 

Sing menarik, bahasa jawa dermayon iku ternyata ana sing mirip persis. Misale ana neng Serang, Banten. Ari Cirebon, Tegal sih wis ora aneh. Iki Serang loh, bahasane persis. 

Nah, kita nulis jawa dermayon, mungkin sing ngerti ya wong Cirebon, Tegal lan bisa jadi Serang.

Jawa dermayon iku, sebenere ya bahasa asli jawa sing khusus logat area Dermayu. Indramayu iku sering disebut gelise dermayu atau dermayon. 

Jawa dermayon ato dermayu sing tak tulis iki, tingkatan ngoko ya. Alias kasar, dudu bahasa jawa krama, ato sing aluse. 

Iki contone ngevlog bahasa jawa dermayon:

Posting Komentar untuk "Jawa Dermayon"